Senin, 13 Januari 2020

Teks sesorah

Teks Sesorah

Sesorah utawa pidhato  yaiku njlenterake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapake marang wong akeh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku warna- warna, ana kang tujuane kanggo menehi hiburan, menehi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokake supaya nindaki apa kang dikarepake pemicara.
. Carane pidhato iku ana papat, ya iku: maca naskah, ngapalake, spontanitas, lan njlenterake utawa njabarake kerangka pikiran.
Nulis Pidhato Babagan pidatho wis dipratelakake secetha- cethaeé ing ngarep. Sadurunge gawe naskah utawa teks pidhato, amrih becike gawe cengkorongane iku kaya ing ngisor iki.
  1. Uluk salam/ salam pembuka
  2. Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
  3. Surasane basa/ isine pidhato
  4. Ringkesan isi pidhato
  5. Salam panutup  

Sumber: Buku Gegaran Nyinau Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

SUYITNO-L. YUYUN DIAH SUSANTI-IRAWAN H.G.

6 komentar: