Senin, 13 Januari 2020

PAWARTA JAWA YAIKU

PAWARTA 


    Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, Internet, utawa lisan marang wong ketelu utawa wong akeh. 

 Kados sing wis diaturake ing nduwur wau pawarta bisa dicawesake liwat pirang-pirang bentuk kayata:

Bentuk cetak

Bisa awujud majalah/ koran contone: majalah djokolodang, majalah panjembar semangat, lan sanesipun.

Bentuk Siaran

Bentuk siaran iki pada samya kanthi liwat lisan anangeng mbutuhake media kanggo nyawisake pawarta menika.

Liwat Internet

Wis genah bentuk siji iki yaiku sawijining berita basa jawa utawa pawarta basa jawa sing dicawisake lewat media internet bisa awujud website utawa blog.

Bentuk lisan

Yen bentuk lisan ini bisa dicawisake saka sapa wae, ateges warta sing dicawisake langsung saka sing ngerteni pawarta datheng tiyang ingkang pun paringi pawarta.


Unsur Pawarta
Wondene unsur-unsur ana pawarta pada karo unsur sing ana ing berita yaiku nggamblangna babagan.
Apa = Kedadean apa sing bakal dicawisake.
Sapa Sapa sing ngalami kedadean kasebut.
Kapan Kapan kedadean kasebut dumadi.
Kepriye Kepriye kedadean kui bisa dumadi .
Nengndi = Ana papan ngendi kedadean kui dumadi.
Kena apa= Merga apa kedadean kasebut dumati.

Sumber :GEGARAN NYINAU BASA JAWA 1 KELAS X SMA/SMK/MA

SUYITNO-L. YUYUN DIAH SUSANTI-IRAWAN H.G.

GEGURITAN

GEGURITAN 
   
   Geguritan yaiku salah sijining karya sastra jawa sing kawujud saka rasa ing ati kang diungkapna karo penyair nggawe basa sing nduweni irama , rima , mitra , bait lan penyusan lirik kang nduwe arti utawa makna ana ing lirik geguritan. 

Ciri – cirine geguritan yaiku :
  1. Nduweni patokan utawa aturan geguritan kayata duweni guru lagu , guru wilangan , lan guru gatra
  2. Nduweni makna utawa arti ana ing lirik lirik e
  3. Nduweni bahasa endah endah lan mentes
  4. Ing teks geguritan ono jeneng pengarang / pangriptane posisi ne ning ngarep tembang geguritan.

Sumber : GEGARAN NYINAU BASA JAWA 3 KELAS XII SMA/SMK/MA

SUYITNO-L. YUYUN DIAH SUSANTI-IRAWAN H.G.

Gamelan JAWA

GAMELAN  

    Gamelan jawa merupakan seperangkat alat musik tradisional Jawa yang biasanya terdiri dari Gong, Kenong, Gambang, Celempung serta beberapa alat musik pendamping lainnya.
Keistimewaan alunan musik gamelan Jawa adalah cenderung bersuara lembut, seperti sengaja menghadirkan suasana ketenangan jiwa dan selaras dengan prinsip hidup masyarakat Jawa pada umumnya.
    Instrument Gamelan Jawa tidak bisa kita lepaskan dari pandangan masyarakat Jawa yang cenderung memelihara keselarasan hidup baik jasmani maupun rohani. Keadaan tersebut menjadikan orang Jawa selalu menghindari ekspresi tempramental dan berusaha mewujudkan toleransi antar sesama.
    Fakta yang jelas mengenai adanya gamelan di tanah jawa menurut Agus Purwo Murdoko, S.Sn. (Guru Seni Budaya SMAN 1 Kartasura), Panggiyo S.Kar, MA (dosen Karawitan ISI Surakarta), dan KRA Haryono Hadiningrat (Prof. Dr. Timbul Haryono, MSc) arkeolog yang tinggal di Prambanan Yogyakarta dan pernah dimuat di Majalah Sasmita edisi I tahun 2007, terdapat pada bukti fisik di relief-relief candi Borobudur, dan candi-candi lainnya ditanah jawa.
    Pada beberapa bagian dinding Candi Borobudur dapat dilihat jenis-jenis instrumen gamelan yaitu: kendang bertali yang di kalungkan di leher, Kendang berbentuk seperti periuk, Siter dan Kecapi, Simbal, Suling, Saron dan Gambang.

 JENIS JENIS GAMELAN
 1.Gamelan idiofon
 2.Gamelan membranofon
 3.Gamelan aerofon
 4.Gamelan chordofon

SUMBER: Gegaran Nyinau BASA JAWA 3 KELAS XII SMA/SMA/MA

SUYITNO-L. YUYUN DIAH SUSANTI-IRAWAN H.G.

Teks sesorah

Teks Sesorah

Sesorah utawa pidhato  yaiku njlenterake idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapake marang wong akeh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku warna- warna, ana kang tujuane kanggo menehi hiburan, menehi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokake supaya nindaki apa kang dikarepake pemicara.
. Carane pidhato iku ana papat, ya iku: maca naskah, ngapalake, spontanitas, lan njlenterake utawa njabarake kerangka pikiran.
Nulis Pidhato Babagan pidatho wis dipratelakake secetha- cethaeĆ© ing ngarep. Sadurunge gawe naskah utawa teks pidhato, amrih becike gawe cengkorongane iku kaya ing ngisor iki.
  1. Uluk salam/ salam pembuka
  2. Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
  3. Surasane basa/ isine pidhato
  4. Ringkesan isi pidhato
  5. Salam panutup  

Sumber: Buku Gegaran Nyinau Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

SUYITNO-L. YUYUN DIAH SUSANTI-IRAWAN H.G.

Tontonan Budaya Jawa

TONTONAN BUDAYA JAWA
 
    Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran ,mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian.Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan menungso.Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu,kelir,debog,seperangkat gamelan,keprak,kepyak,kotak wayang,cempela,lan blencong).

A.  Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan 
            eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang genep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca.Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud:
1.Dhata faktual,yaiku sawijining kahanan kang nyata ana,lan bisa diceritakake kanthi cetha.
2.Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fatka.
3.Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.

       Titikane teks eksposisi yaiku:
1.Ngandharake panemu utawa gagasan
2.Nuduhake kahanan sanyatane 
3.Nggunakake analisis lan sintesis
4.Sumber ide bisa saka pengalaman,sikap,utawa keyakinan.

       Stuktur teks eksposisi yaiku:
1.Tesis
2.Argumentasi
3.Panutup

Sumber :GEGARAN NYINAH BASA JAWA 2 KELAS XI SMA/SMK/MA.

SUYITNO-L. YUYUN DIAH SUSANTI-IRAWAN H.G.